Naliko jaman edan, eh salah, maksud kawulo jaman disek ana crito antarane Pangeran kapruk, putri angel, kalihan dikatoki. Monggo sami-sami kito nyekseaken critonipun.
Kapruk : dayang….!!!!!
Diantemi : nggih, wonten nopo, pangeran?
Kapruk : la masalah neng ngendi kok ra melu ngadep aku?
Diantemi : biasa, boss. Wong koyo ngono paling yo neng pawon, ngemil sego karo Lombok….
Kapruk : celokne masalah saiki.
Diantemi : sendiko dawuh pangeran.
(Diantemi marani masalah neng pawon.)
Diantemi :heh,,, digoleki pak boss kae lho.
Masalah : opo???? aku di goleki pak pos?? wah mesti enek surat songko makku kie…
Diantemi : duduk pak pos,,,,, pak bos!!!!!! (karo suarane sing banter)
Masalah : opo????
(Amargo ora sabar akhire diantemi nggeret tangane masalah.)
masalah : excusme pangeran
Kapruk : karepmu wiz,,, gak mudeng aku nek basa inggris. Pokoke we arep tak ajak apel neng nggone putri keraton alias putri angel.
Masalah : opo??? Ngepek apel neng alas???
Diantemi : apel neng nggone putri angel, masalah!!!!!!!!!
Masalah : oalah…. Apel neng ngarep leh ngepek angel.
Kapruk : yo wez pokoke ayo ndang budal. Karepmu arep ngomong opo. (karo mlaku)
Masalah : pak bos giyeke ndi??? Jarene ngepek apel. (Karo nututi pangeran kapruk lan diantemi)
(Sementarane neng keraton mangkuboyo. dayang-dayange lagi santai.)
Busuk : bisul, jane kie penake nonton tv ae og. Gen awakedewe ketok gaul.
Bisul : arep nonton opo ,busuk? paling acarane yo ngono-ngono kae. Nek ra gayus yow ariel
Busuk : la yow kuwi, cocok. Aku pengen nonton ariel mbok menawa wez metu ko penjoro, truz jadian neh kambi gayuz. Eh maksudku luna maya.
(Mara-mara medit teko nemoni busuk karo bisul.)
Medit : heh, dayang kie panggone gak neng kene. Mosok dayang malah ngrumpi neng ngarepan??
Busuk : la kowe kuwi yow dayang, ngopo we rene?
Medit : nek aku kan dayang gaul, aku yow arep dugem.
Bisul : dugem neng ngendi, dit???
Medit : neng kecamatan kuwi lho. Kan enek parade musik dangdut.
Busuk : oalah dit, dit, aneh-aneh wae kowe kie. Nek niat dugem yow ojo neng parade music dangdut.
Medit : la terus neng ngendi??
Busuk : ndadak tekon. yow neng parade musik campursari lah.
Bisul : alah busuk kie aneh-aneh wae. Wez ndang ayo mlebu kabeh. Mesakne ratu angel dewean neng jero.
Busuk : yow, stuju-stuju. Ayo ndang mlebu. Nek neng jero gak enek aku, mesti sepi nyenyet koyo keraton.
Bisul : pancen iki neng keraton, busuk!!
Busuk : o yow ya, lali aku.
(Wong telu kae mau, akhire mlebu neng jero keraton.)
angel : soko ngendi ae kie?? Tek lagi ketok.
Bisul : ngapunten putri angel. Dekwau kulo teng ngajengan mriku lho.
angel :oalah.. yow wez, tak kiro podho bali songko mall.
medit : mboten putri angel.
Angel : o yow. Mengko enek tamu songko iggris. Jenenge mrs. rose okta, celukane rosok, karo mr. dikatokimen.
Medit : alah, tamu maneh putri. Kesel aku.
Busuk : nek tamu songko luar ngene kie. Wez dadi urusane bisul. Merganekan sing iso basa kewan eh salah maksud q basa inggris trimo bisul.
(Ora suwe tamu songko luar kuwi mau teko)
Bisul : good morning mister, good morning, miss
Rosok : mboten sah ngagem bahasa inggris, kulo nggih saged bahasa jawa.
Dikatoki : nggih, betul niku, buk. Kulo pancen asli inggris. tapi, bapak kulo asli tiang malaysia. Truz, ibu kulo asli saking Paris, alias prapatan ciamis. Dadose kulo saged bahasa jawa.
Rosok : kuwi jenenge gak asli inggris, tapi asli campuran, tok.
Truz opo hubungane basa jawa, karo Malaysia lan prapatan ciamis
Dikatoki : yow ngonow wielah pokoke, aku yow ra mudeng og, sok.
Angel : ngapunten, nggih. Teng mriki mboten wonten nopo-nopo.
Rosok : nggih, mboten nopo-nopo.
Kulo angsal muter-muter kalihan foto-foto teng mriki nopo mboten???
Angel : monggo, monggo.
Dikatoki : nek foto-foto kalih sampean angsal nopo mboten, putri?
Mboten-mboten, kulo namung guyon.
(Rosok kambi dikatoki muter-muter ndelok keraton.)
Dikatoki : sok, seneng aku neng kene. Mergane enek putri angel. Tak kiro putri siti angel kie Elek, tibake koyo bidadari. Gak nyesel aku rene.
Rosok : alah, anyak neh playboymu.
Dikatoki : yow biasa wong ganteng gitulho.
Rosok : alah-alah gayamu, tok,tok. Koyo ganteng-gantengo dewe.
(Pas rosok karo di katoki lagi sibuk muter-muter pangeran dekapruk karo dayang-dayang mlebu neng keraton mangkuboyo.)
Kapruk : bisul sopo iku? (Karo nunjuk rosok lan dikatoki)
Bisul : biasa, tiang saking luar negeri. Tapi, anehe saged basa jawa.
Kapruk ; oalah yow wez.
medit, putri angel neng ngendi??
Medit : ketingale wonten mriku lho. (karo nunjuk bangku panggone putri angel)
Medit : pangeran kie yow aneh-aneh wae, lawong wez nggenah putri angel, neng panggonan lungguhe sing biasane, kok ndadak takon.
(Kapruk langsung nemoni putri angel.)
Kapruk : putri angel
Angel : nggih, wonten nopo, pangearan?
Kapruk : ogak opo-opo.
Masalah : jarene ngepek apel neng alas, kok malah neng nggone putri angel??
Diantemi : karepmu ae wez. Males ku nerangne neng kowe.
Masalah : ah kowe wie ra nyambng. Ditako’i opo jawabe opo?
Nek mules yow ndang neng wc kono.
Diantemi : (narik ambekane)
Rosok : niki sinten putri angel??
Angel : pangeran leonarso dekapruk, pangeran keraton nongkobosok.
Kapruk : kenalke aku pacare putri siti angel.
Dikatoki : opo??? (langsung semaput)
Angel : ngopo wong iki??
Rosok : nggih ngeten niki nek nembe patah hati.
_ _TAMAT_ _